Bismillahirrohmanirrohim
Makhluk, yoiku uopo ae sing diciptakne karo Gusti Alloh sing ono kalane diarani urip lan ono kalane diarani mati. Diarani mati wes jelas, cah cilik yowes ngerti. (heehe...)
Lha nek urip iki rodo luas pembahasane, miturut pelajaran SD mbiyen (rodo lali SD po SMP mbiyen yo ??*.*??#...) ciri2ne makhluk hidup yoiku mangan, ngombe, manak (reproduksi), ambegan, mlaku (bergerak) lan peka karo sing merangsang2. Iku ciri2 secara umume makhluk sing urip.
Ono ciri khusus sing ora keno disandang karo sak liyane Jin lan Menungso (menus2 kakean doso). Sing siji akal pikiran, kaping pindone ati. Sakjane sebagian kewan ono sing duwe ati lan akal, tapi anggep ae mati, soale ratau digae ikir opo digae mbatin, yowes pancen anane ngono kuwi.
Lha nek wong pikiane gak tahu digae mikir, gak tahu digae eling, lan gak tahu digae mbatin mosok to menungso i iso onok dewe, mosok to bumi ki iso muter dewe, mosok to langit iku biru (jajale nek wengi senterono), jan jane nyapoto awakmu mlaku ngalooor ngiduuul selawe taon, akhir2e lak yo mati kabeh ilang kabeh. Iku nek pikiran muikir terus kadang gendheng2 dhewe ra ono kancane. Nek wes mati, we arep nyapo? turu?
Aku i meng arep crito nek aku kadang mikir2 sing gak perlu tak pikir jeru2, koyo nang kerjoan. wah gak muari2 kerjoan kapan entek'e iki? Tugas siji wes mari bukane leren, malah oooonoooook ae, tugas maneh, malah luweh akeh.
JAN tenan.
Tapi ojo terjerumus karo omongan sing mbulet, pikiran kudu dipasne karo kondisine, gone, lan posisine. Nek pas wayahe kerjo jo mikir mulih rek. Mboso wayahe mulih mikir kerjoan hehe.
Sing penting tetep berusaha lan berdo'a kudu seimbang, ibadah diniati ibadah, kerjo yo diniati ibadah. Alloh nyiptakne jin lan manungso ora ono liyo kejobo supoyo IBADAH.
Ojo bingung sak karepe dhewe, nang ndi2 kudu eling (dzikir) lan moco sholawat.
Sekedar tulisan pepenget pribadi, menawi wonten lentunipun nyuwun pituduhipun.
Wallohulmuwaffiq
wafir
Tidak ada komentar:
Posting Komentar